-->

paragraf eksposisi bahasa jawa pengertian penjelasan karma tuladha download

 NALIKA SEPI ....

pasuryanmu sing bening
tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
saya suwe tansaya adoh
ninggalake sepi

tan ana sabawa gumrisiking alang alang
aku mung bisa nyawang
pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
nganti datan katon kasaput pedut ***

Paragraf Eksposisi
Paragraf Eksposisi nduweni teges paragraf sing isine ide, pendapat, buah pikiran, informasi, utawa pengetahuan sing ditulis tujuane kanggo memperluas wawasan sing maca. Isine paragraf eksposisi yaiku kanggo njlentrehake hal marang sing maca lan ora maksa sing maca supaya percaya utawa mengikuti isi saka karangan mau.

Conto-Conto Paragraf Eksposisi.

1.     Eksposisi Definisi
Timun suri nduwèni jeneng latin cucumis sativus iku kalebu varietas tanduran cucumber.  Timun suri iku, woh kang ngandhut akéh banyu lan ngandhut serat lan akeh provitamin A.  Timun suri biyasané akéh dituku nalika sasi pasa. Timun suri bentuké lonjong lan dawané kurang luwih 20 cm-25 cm lan dhiameter 10 cm-15 cm.   Nandur timun suri padha kaya nandur timun ananging beda kaya semangka lan melon kang mbutuhaké akéh pupuk lan banyu.  Nandur timun suri ora perlu akéh banyu.  Sawisé wiji thukuk lan nduwèni godhong kang dawané 10 cm, cukup disiram nalika esok lan sore.  Wit timun suri iku kalebu pala kasimpar awit mrambat.  Ukuran won timun suri kurang luwih padha kaya kates Bangkok lan abote tekan limang kilogram.  Timun suri bisa woh nalika umuré rong sasi.   Timun suri migunani tumprap kasehatan awak amarga timun suri ngandhut akeh vitamin A.  Saliyané iku timun suri bisa nglawan penyakit.  Woh timun suri uga bisa nyehataké ginjel lan limpa.  Timun suri uga bisa dadi obat tekanan darah tinggi.  Timun suri kang mateng bisa dititeni saka kulité.  Timun suri biyasane digawe es lan dicampur karo sirup lan es.  Saliyané iku, timun suri bisa digawe sop buah kayata blewah, melon, alpukat lan liya-liyané.
http://jv.wikipedia.org/wiki/Timun_Suri


2.    Eksposisi Proses
Gawè nopia isih nganggo cara kang tradisional.  Kanggo gawè kulit yaiku glepung trigu dicampur banyu banjur diaduk-aduk nganti dadi adonan.  Adonan iku mau banjur digawe bunder-bunder gedhènè sak jempol-jempol.Sakwisè kuwi banjur bunderan mau diisi nganggo gula jawa kang wis diremuk.  Sakwisè dadi banjur dioven nganti tekan mateng.
http://jv.wikipedia.org/wiki/Nopia#Carane_Gawe

3.    Paragraf Eksposisi Perbandingan
Pasca gempa 5.9 skala ricther, saperangan Yogyakarta lan Jawa Tengah ajur mumur. Kahanan iki ngundang perhatian saka akeh pihak. Pitulungan pada teka saka njero lan luar negri. Pitulungan awujud panganan, obat-obatan, lan sandhangan dipanggonake ing panggonan sing strategis. Babagan iki dimaksudake supaya cara mbagi bantuan bisa dilakokake luwih cepet. Para dokter lan tenaga medis saka daerah-daerah liya uga teka. Dheweke maringi bantuan utawa pitulungan ing Rumah Sakit lan tendha-tendha pengunsgian.

4.    Paragraf Eksposisi Laporan
Sejatine, ora mung ITS sing nawarake umah instan sehat kanggo Aceh utawa lewih populer kaliyan Rumah ITS kanggo Aceh (RI-A). Pusat Penelitian lan Pengembangan Pemukiman Departemen Pekerjaan Umum uga nawarake “Risha” alias Rumah Instan Sederhana Sehat. Modele meh  kembar, gampang dibongkar-pasang, malah motone “Pagi Pesan, Sore Hunu”. Bedani yaiku, sistem struktur lan konstruksi Risha bisa digawe bentuk panggung. Regane Raisha watek sethithik luwih larang, Rp 20 juta kanggo tipe 36. Tapi, umure bisa nganti 50 taun amarga komponen struktur nganggo beton sing bertulang, ditambah pelat baja nang sambungane. Kekuatane marang gempa uwis diuji nang laboratorium nganti zona ke nenem.

5.    Eksposisi Klasifikasi (Pembagian).
Pemerintah garep maringi pitulungan kanggo pembangunan omah utawa bangunan kanggo para korban gempa bumi. Pitulungan utawa bantuan pemabngunan omah utawa bangunan mau arep disesuaikake kaliyan tingkat kerusakane. Warga sing omahe rusak entheng ulih bantuan sekitar 10 juta. Warga sing omahe rusak sedheng ulih bantuan sekitar 20 juta. Warga sing omahe rusak parah ulih bantuan sekitar 30 juta. Calon warga sing ulih bantuan mau arep ditentokake marang aparat desa kaliyan pengawasan saka pihak LSM

6.    Eksposisi Ilustrasi
Apa kowe tau ketemu karo kahanan tertentu kaliyan rasa wedi? Kepriwe carane ngatasi? Ing ngisor iki ana 5 jurus kanggo ngatasi rasa wedi mau. Pertama, siap-siap sing seapik-apike menawa nemangi kahanan tertentu; Keloro, sinauni seapik-apike menawa nemangi kahanan mau; katelu, latih rasa percaya diri; kapapat, sauwise ana rasa percaya diri, kandelake keyakinan; kalima, kanggo nambah rasa percaya diri, kita kudu nambaha kecakapan utawa keahlian liwat latihan utawa sinau sing bener-bener.

CONTOH EKSPOSISI JAWA CARA GAWE KOPI
Cara Ngawe Kopi Iku Gampang. Aku Arep Ngandani Wong Sing Rak Iso Ngawe Kopi Utowo Wong Kang Kon Gawe Paragraf Eksposisi Sing Gunakake Bahasa Jawa.

Piranti : Bahane :
1. Gelas 1. Kopi
2. Sendok 2. Gula

Cara Gawene :
1. Campurke 1 Sendok Gulo lan 3 Sendok Gulo Neng Gelas
2. Jeri Campuran Kuwi Gawa Banyu Anget
3. Udek Gula Sampek Ilang
4. Campuri Kopi Ngawa Seres Utawa Susu Cair.

Kopi Uwenak Uwes Dadi

Kopi iki paling enak di gawe Pas Ndelok Bal bal an

PEPADANG BAKAL TUMEKA

angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga ing angkasa
mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang .....

jakarta wanci adven minggu kaping kalih warsa 2009
----------------------------------------------------------

WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU

jakarta 8 april 2009

rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk

wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah

dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene

saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen

PETENGING WENGI
maymintaraga 19 april 2009

sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu

gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi

lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi
NYAWANG PUCUKING GUNUNG SUMBING
maymintaraga 19 april 2009


sawah lan pategalan bawera
lumaku saktengahing kunang-kunang
kumelip nggawa wisik saka pucuking gunung sumbing
tak goleki ngendi panggonanmu

bapa biyung kang wus tumeka ing kasedan jati
anakmu isih nyawang pucuking gunung sumbing
ana ing saktengahing sawah pategalan sing dadi pangeling

o, bapa lan biyung...
saiki panggonanmu ing pangayunaning pangeran
isih bisa nyawang ana ing panggonan iki
sawangen anakmu

----------------------------------------------

KEKUDANGANKU
maymintaraga 19 april 2009


o, ngger sang ponang jabang bayi
bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi
sira wus lahir kanthi slamet
nyawang gumelaring jagat raya

yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi
kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
yen sira mesem tak kudang tak liling

o, ngger sang ponang jabang bayi
tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe ***

kanggo: fabian moreno setiawan lan rubi dirgantara
--------------------------------------------------------------

UDAN WAYAH SORE
maymintaraga 02 mei 2009


udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu ***


Facebook CommentsShowHide